Contoh cerita Bencana Alam Banjir Bahasa Jawa

 
Saben udan mesthi sambat
banjir kiriman ngelem plataran
mrambat-mrambat
mlebu omah nggrumut peturon
ngleleb sakehing perabot
ngleleb katentreman

Yen wis ngene sapa sing salah
udan nggrejih sawengi nutug
isih tambah sekesuk njepluk
apa pokalmu dhewe kang tanpa petung
mbabati wit-witan pengayom nggundhuli pereng
mung mburu bathi lan upeti
tanpa ngetung tembe mburi


Iki apa meneh
sawah-sawah ditanduri omah
thukul bocah-bocah gemrayah nambah bubrah
ngrayah papan-papan lindhung
kali diilangi jare pomahan ora kaya sawah
ora butuh kali kanggo ngoncori
ngerti-ngerti ndhuwure wis madeg omah gedhong
kaya ngono kok diijini
beteke nampa bebungah

Delengen kae antarejo karo antasena mbambung
bingung arep bali mulih liwat lengkeng gunung
ambles bumi ketanggor loteng-loteng beton
sirahe babak bundhas sikile pincang
ngamuk punggung ngosak-asik dalan
nggasak wit-witan omah lan pekarangan
ndhadhal tanggul kang tansah digangsir
dikeruk dijarah pasir
banjir bandhang kabeh,.


 

Posting Komentar untuk "Contoh cerita Bencana Alam Banjir Bahasa Jawa"